Wito Laros, Anake Magersari Glenmore Ngurusi Perhutanan Sosial Nasional
Tepak ana diskusi virtual kanggo mengeti Dina Bumi tingkat nasional tanggal 22 April 2021, hang dibukak ambi pidhato teka Mendagri Tito Karnavian, ana salah siji pembicarane, yaiku Suwito. Cumpu iyane lare teka Genteng, Banyuwangi.
Ring acara diskusi hang ditemani "Kolaborasi Untuk Keberhasilan Program Perhutanan Sosial" iku ana pisan pembicara liyane yaiku Dirjen Pembangunan Daerah Kemendagri Dr. Hari Nurcahya Murni lan Bupati Lumajang Thoriqul Haq.
Kang Wito (iyane dhemen nulis arane "Wito Laros" nong
media sosial), warga Ikawangi Tangerang Selatan iki mula lulusan Institut
Pertanian Bogor (IPB taun 1989) ring fakultas Peternakan. Naming iyane kelibet
ring Perhutanan Sosial wis 25 taun lawase.
Sapa nyangka iyane bengen emeh hing bisa mangkat nang Bogor
sakuwise lulus SMA Genteng, merga bapake mung magersari hang nggarap tanah alas
Perhutani. Iyane lair ring dusun Sugihwaras pinggir alas Wonoasih, desa
Bumiharjo (pemekaran desa Sumber Gondo), kecamatan Glenmore.
Bengene tepak kelas 2 SMA Maron Genteng iyane tau dianggep wanen
nantang gurune hang aran Pak Muniri, merga hing bisa mbayar iuran 500 rupiah
kanggo perpisahan kakak kelas. Taping ya mula iyane hing duwe picis. Wong
tuweke wis milu transmigrasi nang Lampung tepak iyane kelas 1 taun 1980. Kanggo
nyukupi urip sedina-dinane iyane ngarit suket kanggo sapine uwake, milu
nggebros pari, macul lan menek kelapa.
Taping sarta weruh kahanane, malah pak Muniri hang ngelungaken
welase lan ngajari iyane njait kelambi. “Dulu bapak juga mandiri dengan
menjahit sewaktu kuliah , mudah-mudahan ini nanti bisa menjadi
modalmu untuk mandiri.”
Sakat iku tambah akeh guru-guru hang welas. Pak Sung Masyhuri,
wali kelas hang uga guru bahasa Inggris, ngusulaken iyane ulih beasiswa lan
iyane hing mbayar spp maning. Malah jatah beras Pak Sung hang 12 kg saben ulan
diwakaken nang iyane tepak iyane manggon ring Pondok Miftahussa’adah Maron.
Ruwahe pak Zuhroni, guru Agama ngewani seragam lan sepatu. Emane prestasine ya
apik. Iyane bisa juwara kelas.
Taun 1983 iyane ulih panggilan melebu IPB liwat jalur tanpa tes.
Lan kanggo mangkat nang Bogor iyane rungu gok guru-gurune nggendhong
indhit urunan. Pak Sung Masyhuri, pak Muniri, pak Suryanto MTK, pak Armanu, pak
Elmi "Elteha" Genteng lan uga guru liyane. Malah guru Kesenian pak
Armanu nitipaken surat kanggo dulure hang dadi dosen ring IPB yaiku Prof.
Syamsu’ud Sajat, Ahli benih IPB. Iyane nggoleti umahe Prof Syamsu’ud Sajad ring
Kompleks Perumahan Dosen IPB Dramaga. Taping cumpune pak Prof. Syamsu'ud ya
magih repot merga anake buru melebu kuliah pisan. Iyane malah ditulung Rektor
III IPB, Dr. Norman Razif Azwar, ngurus beasiswa Peningkatan Prestasi Akademik
(PPA) Rp 25.000 sak ulane lan kerasa seru kanggo mbantu biyaya uripe ring
Bogor. Ana pisan wong ring Paguyuban alumni "SMaron" hang ana ring
Bogor hang milu mbantu yaiku mbok Titik Dwi Renaninggalih hang lulus IPB taun
1984. Mbok Titik lan lakine Mas Hadi Suprapto teka Tuban aju dadi mbok
lan kakang angkat ring Bogor.
Saiki kang Wito megawe ring Kemitraan bagi Pembaruan Tata
Pemerintahan di Indonesia. Lembaga iki diedegaken ring UNDP-United Nation
of Development Program (Badan Pembangunan PBB) bareng ambi BAPPENAS. Wis
macem-macem posisine: Project Manager of Community Empowerment (2008-2009),
Program Officer CBFM (2009 - 2011), Government Relation and CSO Engagement
(2011-2019).
Aju iyane milih dadi konsultan paruh waktu minangka Tenaga Ahli
Spesialis Perhutanan Sosial (2020-2021).
Tugase iku wis nggawa iyane keliling 31 propinsi ring Indonesia, kari
telu hang durung, Kalimantan Utara, Gorontalo, Maluku Utara. Iyane uga wis
ngambah negara manca: Singapura (1995), Philipine (1998 & 2004), Timor
Leste (2002 & 2003), Nepal (2009).
Sakat Januari 2020, iyane fokuse ring focal point nasional
Pokja PPS (Pokja Percepatan Perhutanan Sosial). Pokja PPS iki diwani SK teka
dirjen Perhutanan Sosial dan Kemitraan Lingkungan sakat 2017. Uga
minangka anggota Tim Penggerak Percepatan Perhutanan Sosial (TP2PS) hang diwani
SK teka direktur Penyiapan Kawasan Perhutanan Sosial, sakat 2018 seperene.
Pengalamane megawe ring tingkat nasional iku merga iyane tau
ndhampingi masarakat petani hutan damar ring Pesisir Krui, Lampung taun
1995-1999.
Komentar
Posting Komentar